» » Dagelan/ lelucon

Dagelan/ lelucon

Penulis By on Minggu, 26 Januari 2014 | No comments


Superman
Bono   :            “Ben, kowe seneng nonton film?”
Beni    :            “Iya Bon. Aku paling seneng nonton Superman.”
Bono   :            “Tenane? Yen pancen seneng tenan, aku takon ya, kudu isa njawab.”
Beni    :            “Siap Bon. Apa sing dadi pitakonmu?”
Bono   :            “Sebabe apa Superman klambine nganggo aksara S?”
Beni    :            “Kecil… kuwi. Sebabe jenenge Superman, dadi aksara awal dadi inisiale, yakuwi S.”
Bono   :            “Wo… cethek banget ilmumu. Salah kuwi.”
Beni    :            “Lho… sing bener apa?”
Bono   :            “Sebabe ukurane sing pas yaiku S. Yen nganggo L bakal kegedhen, apa maneh nganggo XL mesthi logro banget.”
Beni    :            “Semprul tenan ki.”
(kir. Agus Junaedi- Warak Salatiga)

Batman
Beni : “Bon, kowe ngerti Robin?”
Bono   :           “Ya ngerti, kuwi kancane Batman nggon film.
            Sing kaose tulisane R.”
Beni : “Yen Robin, kaose tulisane R. Lha Batman kok ora B, kenapa Bon?”
Bono   :           “Kan wis ana gambare lawa.”
Beni : “Halah… ilmumu ya mung cethek.”
Bono   :           “Lho, lha apa sebabe kok ora ditulis B?”
Beni : “Sebabe aksara B wis dienggo Bobo.”
Bono   :           “Wow… kowe ya semprul.”
(kir. Agus Junaedi- Warak Salatiga)

Baca Juga Artikel Terkait Lainnya